Geguritan Bab Amal Olo Becik Ana Kubur
Amal Olo Becik Ana Kubur
Wondene amal olo
Ana kubur dadi kanca
Rupa asu rupa celeng
Rupa ketek kalabang ulo
Banjur ngerah ngerangsang
Tanp leren saben dino
Nek elikake banjur mun
Aku iki amalmu olo
Wondene amal bagus
Ana kubur dadi kanca
Rupa wong ingkang bagus
Ingkang ayu kang sampurno
Wong kang mati banur nuli
Enggal takon sinten sampeyan
Nuli jawab kula nik
Amal sahid badan sampeyan
Anggen kula wonten ngriki
Perlu njagi ing sampeyan
Sampeyan wonten ngriki
Sampun ngantod kesangsaran
Kula matur ing sampeyan
Sugeng sare kang sakeca
Wonten kubur kula tanggel
Boten wonten anapa-napa
Kawula sampun cekap
Ngengetaken para panduka
Boten namng kula aturi
Ngenget-enget kang sak nyata