Geguritan,  Seni & Budaya,  Teks

Geguritan Jawa Tambane Lara Niro

Tambane Lara Niro

Pada siro nambanono
Ing larane at niro
Larane ati aku
Sebab nggone demen donya

Lamun ora ditambani
Lawas-lawas dadi mati
Nek wis mati ora gelem
Jak ngibadah maring Gusti

Tambane ati lara
Iku lima perkarane
Ingkang dihin saka limo
Maca Qur’an karo diroso

Kaping pindo kudu melek
Dzikir wengi ingkang suwe
Kaping telu kudu sholat
Tahajud ingkang suwe

Kaping pat saka lima
Angothongi weteng iro
Kaping limo kudu siro
Angumpuli para ulama

Lamun siro wis nglakoni
Perkoro ingkang lelima
Gusti Allah paring waras
Ing larane ati niro

Mesti siro anglakoni
Salah sij saka limo
Mbok menawa Gusti Allah
Paring sudho lara niro

Baca Juga  Hadits Menjaga Agama Allah