Geguritan Jawa Bejo Ciloko Kubur
Geguritan,  Seni & Budaya,  Teks

Geguritan Bab Bejo Ciloko Kubur

Bejo Ciloko Kubur

Nggonmu mati lamun bejo
Ana kubur luwih mulyo
Katimbang urip iro
Arikolo ana donya

Kubur iku lamun bejo
Dadi taman ing suwargo
Kubur iro lamun ciloko
Dadi taman saka neraka

Lamun bejo siro iku
Tangi soko kubur iro
Banjur nunggang ing tunggangan
Hinggo mlebu ing suwargo

Nek ciloko siro iku
Tangi seko kubur iro
Gelandang siro ing neroko

Aja siro ngarep-arep
Ing mulyane awak iro
Lamun ora gelem taat
Urip iro ana donya

Lamun siro ana donya
Ora tobat soko maksiat
Malaikat banjur nggodo
Balung iro nganti mlesat

Nenuwuna siro iku
Wayah awan wayah bengi
Mugi-mugi Gusti Allah
Maring welas maring mami

Baca Juga  Arti Peribahasa Bergantung Kepada Akar Lapuk