Geguritan Jawa Eling Pati
Geguritan,  Seni & Budaya,  Teks

Geguritan Bab Eling Pati

Eling Pati

Eling-eling sira manungsa
Kabeh iku bakal mati
Pumpung durung sira iku
Katekanan maring pati

Rasane pecat nyawa
Luwih banget lara niro
Katimbang kabeseti
Sakabehe kulit iro

Ora no penawar
Sakliyane taat iro
Aja pisan siro lali
Maring shalat fardhu iro

Rasane wong ana kubur
Luwih lara luwih susah
Nek wis tangi panelangsane
Luwih banget karo nggresah

Ngadeg iro ana kubur
Ana patang puluh warsi
Tanpa mangan tanpa ngombe
Ora ono kang melasi

Baca Juga  Pohon Ajaib Asem Kemis Landoh Kayen Pati | Plesir Jawa Tengah