Geguritan Jawa Golek Banda Gentayangan
Geguritan,  Petuah Jawa,  Seni & Budaya,  Teks

Geguritan Bab Golek Banda Gentayangan

Golek Banda Gentayangan

Nggonku golek banda iku
Nganti lungo gentayangan
Badan payah pikir susah
Ati tentrem dadi goyang

Sak wuse aku manggon
Ana ngalam kelanggengan
Aja pisan siro iku
Nggone ngirim obat iman

Aja pisan nggonku tinggal
Kanggo gawe rerebutan
Salah sijio anerimo
Ngasi podo kekelahan

Ing saiki aku iki
Kajat banget ing kiriman
Nggonmu kirim aja lali
Wayah bengi wayah awan

Aku iki kirimana
Wacan dzikir wacan Qur’an
Lan suwuna pangapura
Luputku ing Pangeran

Baca Juga  Arti Peribahasa Alang Berjawab, Tepuk Berbatas