Geguritan Jawa Jongko Donya
Geguritan,  Petuah Jawa,  Seni & Budaya,  Teks

Geguritan Bab Jongko Donya

Jongko Donya

Aja pisan nggonmu urip
Kanggo njongko bab-e donya
Pirang-pirang sing dijongko
Arang-arang sing tumonjo

Balik sira dha narimaha
Taninge Kang Maha Mulya
Supayane urip sira
Ana donya bisa mulya

Ngelingana sira iku
Ora suwe ana donya
Balik mesti sira iku
Tembe mburi mancal donya

Nek wis sira tinggal donya
Terus manggon giriloyo
Ora ana sing melasi
Liyane Kang Maha Mulya

Mula sira ngelingana
Pumpung isih urip sira
Perkarane ibadahmu
Rino wengi aja leno

Wondene anak bojo
Para dulur ninggal mungkur
Arikolo sira iku
Uwis manggon ana kubur

Baca Juga  Filosofi Sunan Drajat - Mèpèr Hardaning Pancadriya