Geguritan Jawa Nyusahi Landerat
Geguritan,  Seni & Budaya,  Teks

Geguritan Bab Nyusahi Landerat

Nyusahi Landerat

Ojo susah kurang sandang
Kurang pangan saben dino
Nyusahno siro iku
Ing landrate awak iro

Nggone tunggu landrat iku
Ono oro-oro mahsyar
Lawase nggone tunggu
Seket ewu tahun ndonya

Lumrahe para manungsa
ada sambat ngaru ara
Pating jlerit pating glembor
Sebab payah awak iro

Nek wis landrat terus nguwot
Luwih lunyu luwih angel
Teung ewu munggah mudun
Patang ewu rada angel

Lumrahe para manungsa
Pada nggegel pating gerigil
Sebabe gek uripe
Jak ngibadah angot angel

Baca Juga  Geguritan Bab Eling Pati