Geguritan Jawa Pitakon Kubur
Geguritan,  Seni & Budaya,  Teks

Geguritan Bab Pitakonan Kubur

Pitakonan Kubur

Ayo-ayo dho elinga
Pitakone kubur iro
Anane pitakonan
Kabeh iku patang perkoro

Ingkang dihing pitakone
Sopo to Pangeran iro
Kaping pindo pitakone
Sopo to Nabi iro

Kaping telu pitakone
Opo agama iro
Kaping pate pitakone
Sopo to dulur iro

Lamun takon malaikat
Sopo to Pangeran iro
Mangka enggal siro jawab
Allah Ta’ala Pangeran kulo

Lamun takon malaikat
Sopo to Nabi iro
Mangka enggal siro jawab
Nabi Muhammad nabi kulo

Lamun takon malaikat
Opo agama iro
Mangka engga siro jawab
Agama Islam agama kulo

Lamun takon malaikat
Sopo to dulur iro
Mangka enggal siro jawab
Tiyang Islam sederek kulo

Lamun siro bisa jawab
Pitakon patang perkoro
Mangka nuli malaikat
Njur ngendiko maring siro

Wis to siro turu-a
Kaya nggone turu iro
Arikolo bungah seneng
Kaya nganten anyar iro

Lamun ora biso jawab
Pitakon patang perkoro
Malaikat ….
Banjur nggodo maring siro

Muputi ora biso
Nggonmu jawab kang sampurno
Malaikat nerimo jawab
Nganggo dzikir kang sampurno

Pitakone metho-metho
Kaya gelap ingkang sora
Aja gugup aja wedi
Kudu tatas jawab iro

Aduh kulo nyuwun tulung
Ing Dzat Kang Maha Agung
Mugi-mugi maringono
Pitulungan ingkang Agung

Baca Juga  Segara Jiwa - Musik Meditasi Relaksasi Meruwat Diri | Digital Mantra