Geguritan Jawa Sambate Wong Ana Krendo
Geguritan,  Seni & Budaya,  Teks

Geguritan Bab Sambate Wong Ana Krendo

Sambate Wong Ana Krendo

Ojo pisan kwe iku
Duwe laku kaya aku
Nggonku golek bondo iku
Ngasi payah nggonku mlaku

Sak wuse tekan ngomah
Banjur njagong krasa payah
Sakwuse aku payah
Ing ibadah banjur wegah

Anakku sak putuku
Tak kon nyonto maring aku
Supayane anak putu
Ojo nganti kaya aku

Nggone pada budi ndonya
Ojo nganti ngoyo-oyo
Anane bondo ndonya
Aku mati ora nggowo

Ing saiki aku iki
Nggonku banget anggetuni
Kok geneya urip iro
Ora nemen nggonmu bekti

Tegese bekti iku
Nggonmu pada gelem taat
Ing saiki aku iki
Wis kineban lawang tobat

Baca Juga  Arti Peribahasa Elok Basa Akan Kekal Hidup, Elok Budi Akan Bekal Mati