Geguritan Jawa Wekase Wong Ana Krendo
Geguritan,  Seni & Budaya,  Teks

Geguritan Bab Wekase Wong Ana Krendo

Wekase Wong Ana Krendo

Wekase wong ana krendo
Karo nangis ngaru-ara
Ngelingana siro iku
Calon dadi kaya kita

Mbok merlokna siro iku
Nggonmu eling maring pati
Supayano siro iku
Biso nemen nggonmu bekti

Ing saiki aku iki
Arep lunga ora bali
Sak lawase nggonku bali
Nganti kowe padha lali

Aku wekas sanak-sanak
Aja kowe padha lana
Perkara ibadahmu
Saben bengi saben dino

Baca Juga  Nikmatnya Sego Tewel, Kuliner Khas Pati yang Bikin Ketagihan