Geguritan “Ingsun Digdoyo” – Queenisha Luna Kirana
Ingsun Digdoyo
#Astungkoro sidham sekaring bawono langgeng
Segoro lintang sumebar wonten tlatar langit
Condro sumunar hamadangi trenyuh sak jroning ati
Mongsone hurip kadang dipujo kadang diuji
Piweling menungso ingkang katah lepat
Kuwoso Gusti tansah sinerat
Sastro Jendro dados pangruwat
Mugi ingsun sansoyo kuwat
Pinayungan nugroho yekti
Dadi sejatining menungso, menungso sejati
Sirno ilang nisto lan murko
Dadiyo Manungso digdoyo
Manjing ing rogo
Manjing ing roso
Titah hurip tansah ayem
Hurip tansah tentrem
#Rahayu… Rahayu… Rahayu … Sagung Dumadi