-
Geguritan Bab Golek Slamet
Golek Slamet Wajib siro golek slamet Kanggo urip mati siro Sebabe bisa slamet Ana lakn rong perkoro Suwijine nderek perintah Kapindo ngedohi cegah Sak lawase urip iro Sahinggo nganti pejah
-
Geguritan Bab Golek Banda Gentayangan
Golek Banda Gentayangan Nggonku golek banda iku Nganti lungo gentayangan Badan payah pikir susah Ati tentrem dadi goyang Sak wuse aku manggon Ana ngalam kelanggengan Aja pisan siro iku Nggone ngirim obat iman Aja pisan nggonku tinggal Kanggo gawe rerebutan Salah sijio anerimo Ngasi podo kekelahan Ing saiki aku iki Kajat banget ing kiriman Nggonmu kirim aja lali Wayah bengi wayah awan Aku iki kirimana Wacan dzikir wacan Qur’an Lan suwuna pangapura Luputku ing Pangeran
-
Geguritan Bab Bekti Kang Maha Suci
Bekti Kang Maha Suci Bektinoso siro iku Maring kang Maha Suci Mbok menawa Gusti Allah Paring bungah bakda mati Nemenana nggonmu golek Kanggo sangu awak iro Ora ana sesangune Sakliyane amal iro Aja pisan siro sangu Mati nggawa amal ala Balk siro sesanguha Amal becik kang sak nyata Rupane amal becik Nggonmu pada gelem taat Rupane amal ala Nggonmu padha laku maksiat
-
Geguritan Bab Golek Pangan
Golek Pangan Padha siro lumaku-ha Kanggo sebab golek pangan Supayane urip iro Ana donya bisa aman Aja pisan siro iku Ngarep-arep pawewehan Supayane urip iro Sisa kajen kinasihan Dha niyato siro iku Nggone padha golek pangan Supayane siro iku Nggone golek oleh ganjaran Sakwuse padha oleh Nuli enggal dha dipangan Sakwuse padha mangan Nuli eling ing Pangeran Nek wis rampung nggone mangan Nuli siro enggal tandang Nggone matur sembah nuwun Sewu-ewu ing Pangeran Dhuhur Ashar Maghrib Isya Subuh iku jo kerinan
-
Geguritan Jawa Olone Numpuk Ndonya
Olone Numpuk Ndonya Lamun siro numpuk ndonya Niyat kanggo numpuk-numpuk Besuk tangi saka kubur Duwe rai kaya kuwuk Aja pisan nggonmu mangan Kanggo nerjang ing larangan Nek mengkono urip iro Duwe laku kaya kewan
-
Geguritan Jawa Pangan Kanggo Ibadah
Pangan Kanggo Ibadah Lamun siro golek pangan Kanggo sangu ing ibadah Besuk tangi saka kubur Rai padang ing lorah-lorah Padange rai iro Kaya tanggal ing pat-belas Sebabe Gusti Allah Maring siro paring welas Mula siro golek pangan Iku kudu ngati-ati Supayane Gusti Allah Paring welas kang sayekti Sampun rampung anggen kula Asung engat ing sampeyan Mugi dipun galih Supados-a waget dangan