-
Geguritan Bab Eling Pati
Eling Pati Eling-eling sira manungsa Kabeh iku bakal mati Pumpung durung sira iku Katekanan maring pati Rasane pecat nyawa Luwih banget lara niro Katimbang kabeseti Sakabehe kulit iro Ora no penawar Sakliyane taat iro Aja pisan siro lali Maring shalat fardhu iro Rasane wong ana kubur Luwih lara luwih susah Nek wis tangi panelangsane Luwih banget karo nggresah Ngadeg iro ana kubur Ana patang puluh warsi Tanpa mangan tanpa ngombe Ora ono kang melasi
-
Geguritan Bab Wekase Wong Ana Krendo
Wekase Wong Ana Krendo Wekase wong ana krendo Karo nangis ngaru-ara Ngelingana siro iku Calon dadi kaya kita Mbok merlokna siro iku Nggonmu eling maring pati Supayano siro iku Biso nemen nggonmu bekti Ing saiki aku iki Arep lunga ora bali Sak lawase nggonku bali Nganti kowe padha lali Aku wekas sanak-sanak Aja kowe padha lana Perkara ibadahmu Saben bengi saben dino
-
Geguritan Bab Susahe Wong Kubur
Susahe Wong Kubur Susahe wong ana kubur Kaya wong kang kejegur Lamun ora oleh pitulung Saking dzat Kang Maha Agung Ora wurung aku iki Sido kepahung-pahung Aja siro dha semaya Nggone eling marang aku Semayaku nggonku eling Nek wis cukup bebutuhku Lumrahe para manungsa Ora gelem ngrasa cukup Lamun durung siro iku Omah ana ing cungkup Aduh Gusti kula sanget Nyuwunipun pangapunten Bok menawi aboten paring Kulo nyuwun dateng sinten Saha malih kula nyuwun Ing Agunge Pengasihan Supadosa manah kula Weget bingah kanti ringan Hai para sederek kula Mugi-mugi hanampiya Punapa atur kula Sampun ngantos paring duka
-
Geguritan Jawa Tambane Lara Niro
Tambane Lara Niro Pada siro nambanono Ing larane at niro Larane ati aku Sebab nggone demen donya Lamun ora ditambani Lawas-lawas dadi mati Nek wis mati ora gelem Jak ngibadah maring Gusti Tambane ati lara Iku lima perkarane Ingkang dihin saka limo Maca Qur’an karo diroso Kaping pindo kudu melek Dzikir wengi ingkang suwe Kaping telu kudu sholat Tahajud ingkang suwe Kaping pat saka lima Angothongi weteng iro Kaping limo kudu siro Angumpuli para ulama Lamun siro wis nglakoni Perkoro ingkang lelima Gusti Allah paring waras Ing larane ati niro Mesti siro anglakoni Salah sij saka limo Mbok menawa Gusti Allah Paring sudho lara niro
-
Geguritan Jawa Tambane Lara Awak
Tambane Lara Awak Nambanono siro ku Ing larane awak iro Tambanono awak iro Nganggo tamba sabar nerimo Lamun siro ora sabar Arikala lara niro Sisa uga lara niro Anuwuhi dosa niro Ngelingana siro iku Ing akehe waras iro Kok geneyo siro iku Ora ngrasa waras iro Bareng siro diparingi Ing larane awak iro Banjur siro enggal sambat Rino wengi ngaru-ara Apa siro ora isin Maring Kang Maha Mulyo Nggonmu bola-bali sambat Maring sakpada-pada Balik siro anuwuna Sak jerone lara niro Anyuwuna pangapura Ing se-akehe dosa niro
-
Geguritan Jawa Dawuhe Kanjeng Nabi
Dawuhe Kanjeng Nabi Dawuhe Kanjeng Nabi Aja siro kerahinan Lamun siro kerahinan Kupingmu diyuh oyotan Apa sira ora wrang Di-uyuh marang syetan Saben esuk siro iku Pijer ngumbah uyuh syetan