• Geguritan Jawa Amal Olo Becik Ana Kubur
    Geguritan,  Petuah Jawa,  Seni & Budaya,  Teks

    Geguritan Bab Amal Olo Becik Ana Kubur

    Amal Olo Becik Ana Kubur Wondene amal olo Ana kubur dadi kanca Rupa asu rupa celeng Rupa ketek kalabang ulo Banjur ngerah ngerangsang Tanp leren saben dino Nek elikake banjur mun Aku iki amalmu olo Wondene amal bagus Ana kubur dadi kanca Rupa wong ingkang bagus Ingkang ayu kang sampurno Wong kang mati banur nuli Enggal takon sinten sampeyan Nuli jawab kula nik Amal sahid badan sampeyan Anggen kula wonten ngriki Perlu njagi ing sampeyan Sampeyan wonten ngriki Sampun ngantod kesangsaran Kula matur ing sampeyan Sugeng sare kang sakeca Wonten kubur kula tanggel Boten wonten anapa-napa Kawula sampun cekap Ngengetaken para panduka Boten namng kula aturi Ngenget-enget kang sak nyata

    Komentar Dinonaktifkan pada Geguritan Bab Amal Olo Becik Ana Kubur
  • Geguritan Jawa Pecat Nyowo
    Geguritan,  Pepatah,  Petuah Jawa,  Puisi,  Seni & Budaya,  Teks,  Viral

    Geguritan Bab Pecat Nyowo

    Pecat Nyowo Hai manungsa ngelingana Ing larane awak iro Ing anane iku lara Calon teko maring sira Arikolo arep mati Banjur teko lara sira Tekane lara iku Ana ing badan sira Olehe lara badan sira Nggone mlaku nyawa niro Lumakune saka siki Terus tekan dada niro Nggone mlaku nyawa iku Mondag mandeg kaping pitu Nek wis rampung kaping pitu Banjur nyawa age metu Ing ndalem sak andegan Luwih banget lara niro Ketimbang dicacahi Nganggo pedang awak iro Dicacah nganggo pedang Ambal kaping pituh puluh Mulane wong kang mati Sambat lara ngaduh-aduh Sambate wong kang mati Maring wong kang arep ngedusi Aja pisan seru-seru Nggonmu pada anggosaki Ing saiki aku iki…