-
Storytelling & Geguritan Ingsun Digdoyo – Queenisha Luna Kirana
Storytelling & Geguritan Ingsun Digdoyo Story + Geguritan : Queenisha Luna Kirana Script + Ilustrasi : Turangga Media Musik : Donk Gedank Segoro lintang sumebar wonten tlatar langit Condro sumunar hamadangi trenyuh sak jroning ati Mongsone hurip kadang dipujo kadang diuji Piweling menungso ingkang katah lepat Kuwoso Gusti tansah sinerat Sastro Jendro dados pangruwat Mugi ingsun sansoyo kuwat Pinayungan nugroho yekti Dadi sejatining menungso, menungso sejati Sirno ilang nisto lan murko Dadiyo Manungso digdoyo Manjing ing rogo Manjing ing roso Titah hurip tansah ayem Hurip tansah tentrem #Rahayu… Rahayu… Rahayu … Sagung Dumadi