-
Geguritan Jawa Olone Numpuk Ndonya
Olone Numpuk Ndonya Lamun siro numpuk ndonya Niyat kanggo numpuk-numpuk Besuk tangi saka kubur Duwe rai kaya kuwuk Aja pisan nggonmu mangan Kanggo nerjang ing larangan Nek mengkono urip iro Duwe laku kaya kewan
-
Geguritan Jawa Tambane Lara Niro
Tambane Lara Niro Pada siro nambanono Ing larane at niro Larane ati aku Sebab nggone demen donya Lamun ora ditambani Lawas-lawas dadi mati Nek wis mati ora gelem Jak ngibadah maring Gusti Tambane ati lara Iku lima perkarane Ingkang dihin saka limo Maca Qur’an karo diroso Kaping pindo kudu melek Dzikir wengi ingkang suwe Kaping telu kudu sholat Tahajud ingkang suwe Kaping pat saka lima Angothongi weteng iro Kaping limo kudu siro Angumpuli para ulama Lamun siro wis nglakoni Perkoro ingkang lelima Gusti Allah paring waras Ing larane ati niro Mesti siro anglakoni Salah sij saka limo Mbok menawa Gusti Allah Paring sudho lara niro
-
Geguritan Jawa Pangan Kanggo Ibadah
Pangan Kanggo Ibadah Lamun siro golek pangan Kanggo sangu ing ibadah Besuk tangi saka kubur Rai padang ing lorah-lorah Padange rai iro Kaya tanggal ing pat-belas Sebabe Gusti Allah Maring siro paring welas Mula siro golek pangan Iku kudu ngati-ati Supayane Gusti Allah Paring welas kang sayekti Sampun rampung anggen kula Asung engat ing sampeyan Mugi dipun galih Supados-a waget dangan