• Geguritan Jawa Tambane Lara Awak

    Tambane Lara Awak Nambanono siro ku Ing larane awak iro Tambanono awak iro Nganggo tamba sabar nerimo Lamun siro ora sabar Arikala lara niro Sisa uga lara niro Anuwuhi dosa niro Ngelingana siro iku Ing akehe waras iro Kok geneyo siro iku Ora ngrasa waras iro Bareng siro diparingi Ing larane awak iro Banjur siro enggal sambat Rino wengi ngaru-ara Apa siro ora isin Maring Kang Maha Mulyo Nggonmu bola-bali sambat Maring sakpada-pada Balik siro anuwuna Sak jerone lara niro Anyuwuna pangapura Ing se-akehe dosa niro

  • mantra tolak bala santet

    Mantra Tolak Bala Santet

    Bayat ingsun amuji pujiku dipa Murup rina lan wengi Tan keno ing sirep Sapa kira neja ala maring ingsun Kunduro kuwaninane Ilango kebaktine Lebur jabang bayi kang neja ala maring ingsun