Geguritan Bab Bungah Ana Donya
Bungah Ana Donya
Ojo siro banget-banget
Nggonmu bungah ana donya
Malaikat juru pati
Ngelirak-ngelirik marang sira
Olehe ngelirik malaikat
Arep njabut nyawa ira
Nggone njabut angenteni
Dawuhe Kang Maha Mulya
Sak wuse didawuhi
Banjur tandang karo kanda
Aku iki mung sakdermo
Kowe ora kena semaya