Geguritan Jawa Pangan Kanggo Ibadah
Geguritan,  Seni & Budaya,  Teks

Geguritan Jawa Pangan Kanggo Ibadah

Pangan Kanggo Ibadah

Lamun siro golek pangan
Kanggo sangu ing ibadah
Besuk tangi saka kubur
Rai padang ing lorah-lorah

Padange rai iro
Kaya tanggal ing pat-belas
Sebabe Gusti Allah
Maring siro paring welas

Mula siro golek pangan
Iku kudu ngati-ati
Supayane Gusti Allah
Paring welas kang sayekti

Sampun rampung anggen kula
Asung engat ing sampeyan
Mugi dipun galih
Supados-a waget dangan

Baca Juga  Quote Tan Malaka : Idealisme adalah kemewahan terakhir yang hanya dimiliki oleh pemuda