
Geguritan Jawa Tambane Susahe Awak
Tambane Susahe Awak
Tambanon siro iku
Ing susahe awak iro
Tambane susah iku
Angelingi bungah iro
Nambanono siro iku
Ing dosane awak iro
Tambane dosa iku
Kudu nyuwun pangapura
Mula siro nenuwuna
Maring dzat Kang Maha Mulya
Aja pisan nggonmu nyuwun
Liyane telung perkoro
Anuwuna kang sepisan
Mugi-mugi diaku kawulo
Kaping pindo mugi-mugi
Dingapuro nggone dosa
Kaping telu mugi-mugi
Gusti Allah ngasihano
Lamun hasil telung perkoro
Urip mati biso mulyo

