-
Geguritan Bab Golek Banda Gentayangan
Golek Banda Gentayangan Nggonku golek banda iku Nganti lungo gentayangan Badan payah pikir susah Ati tentrem dadi goyang Sak wuse aku manggon Ana ngalam kelanggengan Aja pisan siro iku Nggone ngirim obat iman Aja pisan nggonku tinggal Kanggo gawe rerebutan Salah sijio anerimo Ngasi podo kekelahan Ing saiki aku iki Kajat banget ing kiriman Nggonmu kirim aja lali Wayah bengi wayah awan Aku iki kirimana Wacan dzikir wacan Qur’an Lan suwuna pangapura Luputku ing Pangeran
-
Geguritan Bab Kineban Lawang Tobat
Kineban Lawang Tobat Ing saiki aku iki Wis kineban lawang tobat Mulane ing saiki Aku kari sambat-sambat Anakku lan putuku Aja lali karo aku Nggone paa nyuwunku Pangapura ing Gustiku Lamun kowe ora pada Angelingi maring aku Njur kepriye nggonmu males Kabungahan marang aku Ora ana sing tak arep Sak liyane panyuwunmu Saben dini saben bengi Sing tak arep panyuwunmu Jurungo siro iku Wayah awan wayah bengi Penjurungi nyuwunaken Pangapuro maring Gusti
-
Geguritan Jawa Tambane Susahe Awak
Tambane Susahe Awak Tambanon siro iku Ing susahe awak iro Tambane susah iku Angelingi bungah iro Nambanono siro iku Ing dosane awak iro Tambane dosa iku Kudu nyuwun pangapura Mula siro nenuwuna Maring dzat Kang Maha Mulya Aja pisan nggonmu nyuwun Liyane telung perkoro Anuwuna kang sepisan Mugi-mugi diaku kawulo Kaping pindo mugi-mugi Dingapuro nggone dosa Kaping telu mugi-mugi Gusti Allah ngasihano Lamun hasil telung perkoro Urip mati biso mulyo
-
Geguritan Jawa Apike Titah Lan Alane
Apike Titah Lan Alane Apike para titah Wog kang duwe laku ngalah Sarto gelem mikir-mikir Saben dino nggone salah Sakwise ngrasa salah Mangka nuli enggal tobat Supayane Gusti Allah Enggal nrimo nggone tobat Sakwuse rampung tobat Mangka nuli eling pati Banjur golek sesangune Sangu kanggo gawe mati Ala-ne titah iku Wong kang manut marang hawa Saben dino ngarep-arep Ing olehe pangapura Siro kena ngarep-arep Ing anane pangapura Lamun siro wus temenan Ngibadahe awak iro Kulo matur estu-estu Dateng para derek kula Mugi-mugi dipun galih Wontenipun atur kula