Geguritan Bab Kineban Lawang Tobat
Kineban Lawang Tobat
Ing saiki aku iki
Wis kineban lawang tobat
Mulane ing saiki
Aku kari sambat-sambat
Anakku lan putuku
Aja lali karo aku
Nggone paa nyuwunku
Pangapura ing Gustiku
Lamun kowe ora pada
Angelingi maring aku
Njur kepriye nggonmu males
Kabungahan marang aku
Ora ana sing tak arep
Sak liyane panyuwunmu
Saben dini saben bengi
Sing tak arep panyuwunmu
Jurungo siro iku
Wayah awan wayah bengi
Penjurungi nyuwunaken
Pangapuro maring Gusti