
Geguritan Jawa Olone Numpuk Ndonya
Olone Numpuk Ndonya
Lamun siro numpuk ndonya
Niyat kanggo numpuk-numpuk
Besuk tangi saka kubur
Duwe rai kaya kuwuk
Aja pisan nggonmu mangan
Kanggo nerjang ing larangan
Nek mengkono urip iro
Duwe laku kaya kewan