-
Geguritan Bab Kineban Lawang Tobat
Kineban Lawang Tobat Ing saiki aku iki Wis kineban lawang tobat Mulane ing saiki Aku kari sambat-sambat Anakku lan putuku Aja lali karo aku Nggone paa nyuwunku Pangapura ing Gustiku Lamun kowe ora pada Angelingi maring aku Njur kepriye nggonmu males Kabungahan marang aku Ora ana sing tak arep Sak liyane panyuwunmu Saben dini saben bengi Sing tak arep panyuwunmu Jurungo siro iku Wayah awan wayah bengi Penjurungi nyuwunaken Pangapuro maring Gusti
-
Geguritan Jawa Apike Titah Lan Alane
Apike Titah Lan Alane Apike para titah Wog kang duwe laku ngalah Sarto gelem mikir-mikir Saben dino nggone salah Sakwise ngrasa salah Mangka nuli enggal tobat Supayane Gusti Allah Enggal nrimo nggone tobat Sakwuse rampung tobat Mangka nuli eling pati Banjur golek sesangune Sangu kanggo gawe mati Ala-ne titah iku Wong kang manut marang hawa Saben dino ngarep-arep Ing olehe pangapura Siro kena ngarep-arep Ing anane pangapura Lamun siro wus temenan Ngibadahe awak iro Kulo matur estu-estu Dateng para derek kula Mugi-mugi dipun galih Wontenipun atur kula
-
Geguritan Bab Amal Olo Becik Ana Kubur
Amal Olo Becik Ana Kubur Wondene amal olo Ana kubur dadi kanca Rupa asu rupa celeng Rupa ketek kalabang ulo Banjur ngerah ngerangsang Tanp leren saben dino Nek elikake banjur mun Aku iki amalmu olo Wondene amal bagus Ana kubur dadi kanca Rupa wong ingkang bagus Ingkang ayu kang sampurno Wong kang mati banur nuli Enggal takon sinten sampeyan Nuli jawab kula nik Amal sahid badan sampeyan Anggen kula wonten ngriki Perlu njagi ing sampeyan Sampeyan wonten ngriki Sampun ngantod kesangsaran Kula matur ing sampeyan Sugeng sare kang sakeca Wonten kubur kula tanggel Boten wonten anapa-napa Kawula sampun cekap Ngengetaken para panduka Boten namng kula aturi Ngenget-enget kang sak nyata