Geguritan Jawa Ngarep Mulyane Anak
Geguritan,  Seni & Budaya,  Teks

Geguritan Bab Ngarep Mulyane Anak

Ngarep Mulyane Anak

Aja siro ngarep-arep
Ing mulyane awak iro
Lamun ora gelem taat
Arikolo urip iro

Ora ana gawe kanca
Sakliyane amal iro
Arikolo ana kubur
Hinggo mahsyar iro

Wondene amal bagus
Rupa uwong kang sampurno
Banjur muni “wis turuo”
Aja ngrembug apa-apa

Wondene amal olo
Ana kubur dadi memolo
Rupo uwong bosok koklok
Nguang-nguleng maring siro

Nek di-elikke banjur ndodro
Nggone nguleng maring siro
Malah-maah karo muni
Aku iki amalmu olo

Arikolo gek maksiat
Kowe ngeroso bungah sumarah
Ngerasakno ing saiki
Nggonmu banget tanpa susah

Baca Juga  Quote Tan Malaka : Idealisme adalah kemewahan terakhir yang hanya dimiliki oleh pemuda