• Geguritan Jawa Ngarep Mulyane Anak
    Geguritan,  Seni & Budaya,  Teks

    Geguritan Bab Ngarep Mulyane Anak

    Ngarep Mulyane Anak Aja siro ngarep-arep Ing mulyane awak iro Lamun ora gelem taat Arikolo urip iro Ora ana gawe kanca Sakliyane amal iro Arikolo ana kubur Hinggo mahsyar iro Wondene amal bagus Rupa uwong kang sampurno Banjur muni “wis turuo” Aja ngrembug apa-apa Wondene amal olo Ana kubur dadi memolo Rupo uwong bosok koklok Nguang-nguleng maring siro Nek di-elikke banjur ndodro Nggone nguleng maring siro Malah-maah karo muni Aku iki amalmu olo Arikolo gek maksiat Kowe ngeroso bungah sumarah Ngerasakno ing saiki Nggonmu banget tanpa susah

    Komentar Dinonaktifkan pada Geguritan Bab Ngarep Mulyane Anak