Geguritan Bab Bekti Kang Maha Suci
Bekti Kang Maha Suci
Bektinoso siro iku
Maring kang Maha Suci
Mbok menawa Gusti Allah
Paring bungah bakda mati
Nemenana nggonmu golek
Kanggo sangu awak iro
Ora ana sesangune
Sakliyane amal iro
Aja pisan siro sangu
Mati nggawa amal ala
Balk siro sesanguha
Amal becik kang sak nyata
Rupane amal becik
Nggonmu pada gelem taat
Rupane amal ala
Nggonmu padha laku maksiat