Geguritan Jawa Susahe Wong Kubur
Geguritan,  Seni & Budaya,  Teks

Geguritan Bab Susahe Wong Kubur

Susahe Wong Kubur

Susahe wong ana kubur
Kaya wong kang kejegur

Lamun ora oleh pitulung
Saking dzat Kang Maha Agung
Ora wurung aku iki
Sido kepahung-pahung

Aja siro dha semaya
Nggone eling marang aku
Semayaku nggonku eling
Nek wis cukup bebutuhku

Lumrahe para manungsa
Ora gelem ngrasa cukup
Lamun durung siro iku
Omah ana ing cungkup

Aduh Gusti kula sanget
Nyuwunipun pangapunten
Bok menawi aboten paring
Kulo nyuwun dateng sinten

Saha malih kula nyuwun
Ing Agunge Pengasihan
Supadosa manah kula
Weget bingah kanti ringan

Hai para sederek kula
Mugi-mugi hanampiya
Punapa atur kula
Sampun ngantos paring duka

Baca Juga  Geguritan Jawa Bekti Bapa Biyung