
Geguritan Bab Pecat Nyowo
Pecat Nyowo
Hai manungsa ngelingana
Ing larane awak iro
Ing anane iku lara
Calon teko maring sira
Arikolo arep mati
Banjur teko lara sira
Tekane lara iku
Ana ing badan sira
Olehe lara badan sira
Nggone mlaku nyawa niro
Lumakune saka siki
Terus tekan dada niro
Nggone mlaku nyawa iku
Mondag mandeg kaping pitu
Nek wis rampung kaping pitu
Banjur nyawa age metu
Ing ndalem sak andegan
Luwih banget lara niro
Ketimbang dicacahi
Nganggo pedang awak iro
Dicacah nganggo pedang
Ambal kaping pituh puluh
Mulane wong kang mati
Sambat lara ngaduh-aduh
Sambate wong kang mati
Maring wong kang arep ngedusi
Aja pisan seru-seru
Nggonmu pada anggosaki
Ing saiki aku iki
Luwih panas badan ing wong
Katimbang nggone panas
Badan waras siram jarang
Mulane wong kang mati
Rasa tatu arang kranjang
Tatune dalan nyawa
Tanpo nganggo wewilangan
Ing rasane badan aku
Duwe rasa kaya rusak
Rumongsoku nyang badanku
Kaya direncak-rencak
Hai para sedulurku
Aja nggepok seru-seru
Nggonmu nggepok karo aku
Kabeh badan pada tatu
Tatune badan aku
Kanggo metune nyawaku
Tumrape nyawa iku
Kaya tlutuh ana ing kayu
Tan kocapo pecat nyawa
Larane tan kiro-kiro
Kaping maewu-ewu
Lara kabeh dadi sak lara
Milo kulo perlu sanget
Ngengetaken ing panduka
Sampun ngantos sami kaget
Mbenjangipun pecat nyawa

