
Geguritan Jawa Uwot
Uwot
Wajib siro gawe apik
Gawe jembar uwat iro
Sebabe apik jembar
Ana lahan pitung perkara
Perkarane iman iro
Kaping pindo kudu mantep
Perkarane Islam iro
Kaping telu kudu narimo
Ing anane awak iro
Kurang nyandang kurang mangan
Larang susah aja ngersula
Kaping papat kudu lumo
Maring sanak kadang iro
Aja pisan gawe serik
Maring sanak kadang iro
Kaping limna aja pisan
Kowe ngina ing manungsa
Senajan fakir hina
Duwe laku ora tata
Kaping nanem kudu siro
Ngati-ati pangan iro
Aja nganti kalebnan
Barang haram weteng iro
Kaping pitu aja siro
Nganti lali ing Pangeran
Arikolo kuwe iku
Kurang sandang kurang pangan
Aja pisan siro iku
Duwe laku ora jujur
Titenana awak iro
Nguwat nggremet njur gejegur
Sebabe olehe njegur
Sikil ndredeg ati gumyur
Yen wis negur saka duwur
Tekan ngisor ajur mumur
Sebabe nggone ajur
Uwote luwih duwur
Lakon pitung puluh tahun
Saka ngisor tekan nduwur

