Geguritan Jawa Golek Pangan
Geguritan,  Seni & Budaya,  Teks

Geguritan Bab Golek Pangan

Golek Pangan

Padha siro lumaku-ha
Kanggo sebab golek pangan
Supayane urip iro
Ana donya bisa aman

Aja pisan siro iku
Ngarep-arep pawewehan
Supayane urip iro
Sisa kajen kinasihan

Dha niyato siro iku
Nggone padha golek pangan
Supayane siro iku
Nggone golek oleh ganjaran

Sakwuse padha oleh
Nuli enggal dha dipangan
Sakwuse padha mangan
Nuli eling ing Pangeran

Nek wis rampung nggone mangan
Nuli siro enggal tandang
Nggone matur sembah nuwun
Sewu-ewu ing Pangeran

Dhuhur Ashar Maghrib Isya
Subuh iku jo kerinan

Baca Juga  Geguritan Bab Bekti Kang Maha Suci