-
Geguritan Bab Jongko Donya
Jongko Donya Aja pisan nggonmu urip Kanggo njongko bab-e donya Pirang-pirang sing dijongko Arang-arang sing tumonjo Balik sira dha narimaha Taninge Kang Maha Mulya Supayane urip sira Ana donya bisa mulya Ngelingana sira iku Ora suwe ana donya Balik mesti sira iku Tembe mburi mancal donya Nek wis sira tinggal donya Terus manggon giriloyo Ora ana sing melasi Liyane Kang Maha Mulya Mula sira ngelingana Pumpung isih urip sira Perkarane ibadahmu Rino wengi aja leno Wondene anak bojo Para dulur ninggal mungkur Arikolo sira iku Uwis manggon ana kubur
-
Geguritan Bab Golek Banda Gentayangan
Golek Banda Gentayangan Nggonku golek banda iku Nganti lungo gentayangan Badan payah pikir susah Ati tentrem dadi goyang Sak wuse aku manggon Ana ngalam kelanggengan Aja pisan siro iku Nggone ngirim obat iman Aja pisan nggonku tinggal Kanggo gawe rerebutan Salah sijio anerimo Ngasi podo kekelahan Ing saiki aku iki Kajat banget ing kiriman Nggonmu kirim aja lali Wayah bengi wayah awan Aku iki kirimana Wacan dzikir wacan Qur’an Lan suwuna pangapura Luputku ing Pangeran