
Geguritan Jawa Apike Titah Lan Alane
Apike Titah Lan Alane
Apike para titah
Wog kang duwe laku ngalah
Sarto gelem mikir-mikir
Saben dino nggone salah
Sakwise ngrasa salah
Mangka nuli enggal tobat
Supayane Gusti Allah
Enggal nrimo nggone tobat
Sakwuse rampung tobat
Mangka nuli eling pati
Banjur golek sesangune
Sangu kanggo gawe mati
Ala-ne titah iku
Wong kang manut marang hawa
Saben dino ngarep-arep
Ing olehe pangapura
Siro kena ngarep-arep
Ing anane pangapura
Lamun siro wus temenan
Ngibadahe awak iro
Kulo matur estu-estu
Dateng para derek kula
Mugi-mugi dipun galih
Wontenipun atur kula

