• Geguritan Jawa Pitakon Kubur

    Geguritan Bab Pitakonan Kubur

    Pitakonan Kubur Ayo-ayo dho elinga Pitakone kubur iro Anane pitakonan Kabeh iku patang perkoro Ingkang dihing pitakone Sopo to Pangeran iro Kaping pindo pitakone Sopo to Nabi iro Kaping telu pitakone Opo agama iro Kaping pate pitakone Sopo to dulur iro Lamun takon malaikat Sopo to Pangeran iro Mangka enggal siro jawab Allah Ta’ala Pangeran kulo Lamun takon malaikat Sopo to Nabi iro Mangka enggal siro jawab Nabi Muhammad nabi kulo Lamun takon malaikat Opo agama iro Mangka engga siro jawab Agama Islam agama kulo Lamun takon malaikat Sopo to dulur iro Mangka enggal siro jawab Tiyang Islam sederek kulo Lamun siro bisa jawab Pitakon patang perkoro Mangka nuli malaikat…

  • Geguritan Jawa Wekase Wong Ana Krendo

    Geguritan Bab Wekase Wong Ana Krendo

    Wekase Wong Ana Krendo Wekase wong ana krendo Karo nangis ngaru-ara Ngelingana siro iku Calon dadi kaya kita Mbok merlokna siro iku Nggonmu eling maring pati Supayano siro iku Biso nemen nggonmu bekti Ing saiki aku iki Arep lunga ora bali Sak lawase nggonku bali Nganti kowe padha lali Aku wekas sanak-sanak Aja kowe padha lana Perkara ibadahmu Saben bengi saben dino