• Geguritan Jawa Sambate Wong Ana Krendo

    Geguritan Bab Sambate Wong Ana Krendo

    Sambate Wong Ana Krendo Ojo pisan kwe iku Duwe laku kaya aku Nggonku golek bondo iku Ngasi payah nggonku mlaku Sak wuse tekan ngomah Banjur njagong krasa payah Sakwuse aku payah Ing ibadah banjur wegah Anakku sak putuku Tak kon nyonto maring aku Supayane anak putu Ojo nganti kaya aku Nggone pada budi ndonya Ojo nganti ngoyo-oyo Anane bondo ndonya Aku mati ora nggowo Ing saiki aku iki Nggonku banget anggetuni Kok geneya urip iro Ora nemen nggonmu bekti Tegese bekti iku Nggonmu pada gelem taat Ing saiki aku iki Wis kineban lawang tobat

  • Geguritan Jawa Golek Banda Gentayangan

    Geguritan Bab Golek Banda Gentayangan

    Golek Banda Gentayangan Nggonku golek banda iku Nganti lungo gentayangan Badan payah pikir susah Ati tentrem dadi goyang Sak wuse aku manggon Ana ngalam kelanggengan Aja pisan siro iku Nggone ngirim obat iman Aja pisan nggonku tinggal Kanggo gawe rerebutan Salah sijio anerimo Ngasi podo kekelahan Ing saiki aku iki Kajat banget ing kiriman Nggonmu kirim aja lali Wayah bengi wayah awan Aku iki kirimana Wacan dzikir wacan Qur’an Lan suwuna pangapura Luputku ing Pangeran

  • Geguritan Jawa Nyusahi Landerat

    Geguritan Bab Nyusahi Landerat

    Nyusahi Landerat Ojo susah kurang sandang Kurang pangan saben dino Nyusahno siro iku Ing landrate awak iro Nggone tunggu landrat iku Ono oro-oro mahsyar Lawase nggone tunggu Seket ewu tahun ndonya Lumrahe para manungsa ada sambat ngaru ara Pating jlerit pating glembor Sebab payah awak iro Nek wis landrat terus nguwot Luwih lunyu luwih angel Teung ewu munggah mudun Patang ewu rada angel Lumrahe para manungsa Pada nggegel pating gerigil Sebabe gek uripe Jak ngibadah angot angel