-
Geguritan Bab Eling Pati
Eling Pati Eling-eling sira manungsa Kabeh iku bakal mati Pumpung durung sira iku Katekanan maring pati Rasane pecat nyawa Luwih banget lara niro Katimbang kabeseti Sakabehe kulit iro Ora no penawar Sakliyane taat iro Aja pisan siro lali Maring shalat fardhu iro Rasane wong ana kubur Luwih lara luwih susah Nek wis tangi panelangsane Luwih banget karo nggresah Ngadeg iro ana kubur Ana patang puluh warsi Tanpa mangan tanpa ngombe Ora ono kang melasi
-
Geguritan Bab Golek Banda Gentayangan
Golek Banda Gentayangan Nggonku golek banda iku Nganti lungo gentayangan Badan payah pikir susah Ati tentrem dadi goyang Sak wuse aku manggon Ana ngalam kelanggengan Aja pisan siro iku Nggone ngirim obat iman Aja pisan nggonku tinggal Kanggo gawe rerebutan Salah sijio anerimo Ngasi podo kekelahan Ing saiki aku iki Kajat banget ing kiriman Nggonmu kirim aja lali Wayah bengi wayah awan Aku iki kirimana Wacan dzikir wacan Qur’an Lan suwuna pangapura Luputku ing Pangeran
-
Geguritan Bab Kineban Lawang Tobat
Kineban Lawang Tobat Ing saiki aku iki Wis kineban lawang tobat Mulane ing saiki Aku kari sambat-sambat Anakku lan putuku Aja lali karo aku Nggone paa nyuwunku Pangapura ing Gustiku Lamun kowe ora pada Angelingi maring aku Njur kepriye nggonmu males Kabungahan marang aku Ora ana sing tak arep Sak liyane panyuwunmu Saben dini saben bengi Sing tak arep panyuwunmu Jurungo siro iku Wayah awan wayah bengi Penjurungi nyuwunaken Pangapuro maring Gusti
-
Geguritan Bab Wekase Wong Ana Krendo
Wekase Wong Ana Krendo Wekase wong ana krendo Karo nangis ngaru-ara Ngelingana siro iku Calon dadi kaya kita Mbok merlokna siro iku Nggonmu eling maring pati Supayano siro iku Biso nemen nggonmu bekti Ing saiki aku iki Arep lunga ora bali Sak lawase nggonku bali Nganti kowe padha lali Aku wekas sanak-sanak Aja kowe padha lana Perkara ibadahmu Saben bengi saben dino