• Geguritan Jawa Jongko Donya

    Geguritan Bab Jongko Donya

    Jongko Donya Aja pisan nggonmu urip Kanggo njongko bab-e donya Pirang-pirang sing dijongko Arang-arang sing tumonjo Balik sira dha narimaha Taninge Kang Maha Mulya Supayane urip sira Ana donya bisa mulya Ngelingana sira iku Ora suwe ana donya Balik mesti sira iku Tembe mburi mancal donya Nek wis sira tinggal donya Terus manggon giriloyo Ora ana sing melasi Liyane Kang Maha Mulya Mula sira ngelingana Pumpung isih urip sira Perkarane ibadahmu Rino wengi aja leno Wondene anak bojo Para dulur ninggal mungkur Arikolo sira iku Uwis manggon ana kubur

  • Geguritan Jawa Bejo Ciloko Kubur

    Geguritan Bab Bejo Ciloko Kubur

    Bejo Ciloko Kubur Nggonmu mati lamun bejo Ana kubur luwih mulyo Katimbang urip iro Arikolo ana donya Kubur iku lamun bejo Dadi taman ing suwargo Kubur iro lamun ciloko Dadi taman saka neraka Lamun bejo siro iku Tangi soko kubur iro Banjur nunggang ing tunggangan Hinggo mlebu ing suwargo Nek ciloko siro iku Tangi seko kubur iro Gelandang siro ing neroko Aja siro ngarep-arep Ing mulyane awak iro Lamun ora gelem taat Urip iro ana donya Lamun siro ana donya Ora tobat soko maksiat Malaikat banjur nggodo Balung iro nganti mlesat Nenuwuna siro iku Wayah awan wayah bengi Mugi-mugi Gusti Allah Maring welas maring mami

  • Geguritan Jawa Golek Pangan

    Geguritan Bab Golek Pangan

    Golek Pangan Padha siro lumaku-ha Kanggo sebab golek pangan Supayane urip iro Ana donya bisa aman Aja pisan siro iku Ngarep-arep pawewehan Supayane urip iro Sisa kajen kinasihan Dha niyato siro iku Nggone padha golek pangan Supayane siro iku Nggone golek oleh ganjaran Sakwuse padha oleh Nuli enggal dha dipangan Sakwuse padha mangan Nuli eling ing Pangeran Nek wis rampung nggone mangan Nuli siro enggal tandang Nggone matur sembah nuwun Sewu-ewu ing Pangeran Dhuhur Ashar Maghrib Isya Subuh iku jo kerinan

  • Geguritan Jawa Tambane Lara Niro

    Tambane Lara Niro Pada siro nambanono Ing larane at niro Larane ati aku Sebab nggone demen donya Lamun ora ditambani Lawas-lawas dadi mati Nek wis mati ora gelem Jak ngibadah maring Gusti Tambane ati lara Iku lima perkarane Ingkang dihin saka limo Maca Qur’an karo diroso Kaping pindo kudu melek Dzikir wengi ingkang suwe Kaping telu kudu sholat Tahajud ingkang suwe Kaping pat saka lima Angothongi weteng iro Kaping limo kudu siro Angumpuli para ulama Lamun siro wis nglakoni Perkoro ingkang lelima Gusti Allah paring waras Ing larane ati niro Mesti siro anglakoni Salah sij saka limo Mbok menawa Gusti Allah Paring sudho lara niro

  • Geguritan Jawa Bungah Ana Donya

    Geguritan Bab Bungah Ana Donya

    Bungah Ana Donya Ojo siro banget-banget Nggonmu bungah ana donya Malaikat juru pati Ngelirak-ngelirik marang sira Olehe ngelirik malaikat Arep njabut nyawa ira Nggone njabut angenteni Dawuhe Kang Maha Mulya Sak wuse didawuhi Banjur tandang karo kanda Aku iki mung sakdermo Kowe ora kena semaya