-
Geguritan Bab Susahe Wong Kubur
Susahe Wong Kubur Susahe wong ana kubur Kaya wong kang kejegur Lamun ora oleh pitulung Saking dzat Kang Maha Agung Ora wurung aku iki Sido kepahung-pahung Aja siro dha semaya Nggone eling marang aku Semayaku nggonku eling Nek wis cukup bebutuhku Lumrahe para manungsa Ora gelem ngrasa cukup Lamun durung siro iku Omah ana ing cungkup Aduh Gusti kula sanget Nyuwunipun pangapunten Bok menawi aboten paring Kulo nyuwun dateng sinten Saha malih kula nyuwun Ing Agunge Pengasihan Supadosa manah kula Weget bingah kanti ringan Hai para sederek kula Mugi-mugi hanampiya Punapa atur kula Sampun ngantos paring duka
-
Geguritan Jawa Pitutur Dateng Sederek
Pitutur Dateng Sederek Dherek jaler, dherek isteri Sampun ngantos sami mungkur Dateng napa wontenipun Ingkang sampun kula matur Wonteniun anggen kulo Angaturi ing pitutur Wonten Qur’an wonten Hadist Wonten kitab kang misuwur Kulo matur sewu nuwun Dateng para derek kulo Ingkang sami merlehaken Mirengaken atur kula Hai para derek kula Mugi-mugi hanampiyo Atur kula kanti seneng Sampun ngantos paring duka
-
Geguritan Jawa Apike Titah Lan Alane
Apike Titah Lan Alane Apike para titah Wog kang duwe laku ngalah Sarto gelem mikir-mikir Saben dino nggone salah Sakwise ngrasa salah Mangka nuli enggal tobat Supayane Gusti Allah Enggal nrimo nggone tobat Sakwuse rampung tobat Mangka nuli eling pati Banjur golek sesangune Sangu kanggo gawe mati Ala-ne titah iku Wong kang manut marang hawa Saben dino ngarep-arep Ing olehe pangapura Siro kena ngarep-arep Ing anane pangapura Lamun siro wus temenan Ngibadahe awak iro Kulo matur estu-estu Dateng para derek kula Mugi-mugi dipun galih Wontenipun atur kula
-
Geguritan Jawa Pangan Kanggo Ibadah
Pangan Kanggo Ibadah Lamun siro golek pangan Kanggo sangu ing ibadah Besuk tangi saka kubur Rai padang ing lorah-lorah Padange rai iro Kaya tanggal ing pat-belas Sebabe Gusti Allah Maring siro paring welas Mula siro golek pangan Iku kudu ngati-ati Supayane Gusti Allah Paring welas kang sayekti Sampun rampung anggen kula Asung engat ing sampeyan Mugi dipun galih Supados-a waget dangan
-
Geguritan Bab Amal Olo Becik Ana Kubur
Amal Olo Becik Ana Kubur Wondene amal olo Ana kubur dadi kanca Rupa asu rupa celeng Rupa ketek kalabang ulo Banjur ngerah ngerangsang Tanp leren saben dino Nek elikake banjur mun Aku iki amalmu olo Wondene amal bagus Ana kubur dadi kanca Rupa wong ingkang bagus Ingkang ayu kang sampurno Wong kang mati banur nuli Enggal takon sinten sampeyan Nuli jawab kula nik Amal sahid badan sampeyan Anggen kula wonten ngriki Perlu njagi ing sampeyan Sampeyan wonten ngriki Sampun ngantod kesangsaran Kula matur ing sampeyan Sugeng sare kang sakeca Wonten kubur kula tanggel Boten wonten anapa-napa Kawula sampun cekap Ngengetaken para panduka Boten namng kula aturi Ngenget-enget kang sak nyata