-
Geguritan Jawa Bekti Bapa Biyung
Bekti Bapa Biyung Wajb siro gawe seneng Marng bapa biyung iro Wajib siro gawe rukun Maring sanak tangga niro Aja pisan padha takat Karo sanak tangga niro Supayane bisa seneng Sak larase urip iro Ngelingana angnmu urip Ora gawe ana ndonya Ganti tahun ganti sasi Ganti dina tekan loyo Aja pisan gawe susah Maring para dulur iro Wajb siro gawe bungah Maring para mara tuwa Wajib siro kudu nurut Maring bapa guru iro Semangsane ora nurut Calon susah awak iro Wajib siro duwe welas Karo para tangga siro Luwih wajib nggonmu welas Maring para dulur iro
-
Geguritan Jawa Uwot
Uwot Wajib siro gawe apik Gawe jembar uwat iro Sebabe apik jembar Ana lahan pitung perkara Perkarane iman iro Kaping pindo kudu mantep Perkarane Islam iro Kaping telu kudu narimo Ing anane awak iro Kurang nyandang kurang mangan Larang susah aja ngersula Kaping papat kudu lumo Maring sanak kadang iro Aja pisan gawe serik Maring sanak kadang iro Kaping limna aja pisan Kowe ngina ing manungsa Senajan fakir hina Duwe laku ora tata Kaping nanem kudu siro Ngati-ati pangan iro Aja nganti kalebnan Barang haram weteng iro Kaping pitu aja siro Nganti lali ing Pangeran Arikolo kuwe iku Kurang sandang kurang pangan Aja pisan siro iku Duwe laku ora jujur…
-
Geguritan Bab Neraka Suwarga Sepisan
Neraka Suwarga Sepisan Rasane ana neraka Luwih susah luwih lara Ora pisan bisa metu Sakdurunge dingapuro Rasane ana suwargo Luwih mulya luwih mukti Sandang pangan ora kurang Ora susah ora mati
-
Geguritan Bab Sambate Wong Ana Krendo
Sambate Wong Ana Krendo Ojo pisan kwe iku Duwe laku kaya aku Nggonku golek bondo iku Ngasi payah nggonku mlaku Sak wuse tekan ngomah Banjur njagong krasa payah Sakwuse aku payah Ing ibadah banjur wegah Anakku sak putuku Tak kon nyonto maring aku Supayane anak putu Ojo nganti kaya aku Nggone pada budi ndonya Ojo nganti ngoyo-oyo Anane bondo ndonya Aku mati ora nggowo Ing saiki aku iki Nggonku banget anggetuni Kok geneya urip iro Ora nemen nggonmu bekti Tegese bekti iku Nggonmu pada gelem taat Ing saiki aku iki Wis kineban lawang tobat
-
Geguritan Bab Golek Banda Gentayangan
Golek Banda Gentayangan Nggonku golek banda iku Nganti lungo gentayangan Badan payah pikir susah Ati tentrem dadi goyang Sak wuse aku manggon Ana ngalam kelanggengan Aja pisan siro iku Nggone ngirim obat iman Aja pisan nggonku tinggal Kanggo gawe rerebutan Salah sijio anerimo Ngasi podo kekelahan Ing saiki aku iki Kajat banget ing kiriman Nggonmu kirim aja lali Wayah bengi wayah awan Aku iki kirimana Wacan dzikir wacan Qur’an Lan suwuna pangapura Luputku ing Pangeran
-
Geguritan Bab Bekti Kang Maha Suci
Bekti Kang Maha Suci Bektinoso siro iku Maring kang Maha Suci Mbok menawa Gusti Allah Paring bungah bakda mati Nemenana nggonmu golek Kanggo sangu awak iro Ora ana sesangune Sakliyane amal iro Aja pisan siro sangu Mati nggawa amal ala Balk siro sesanguha Amal becik kang sak nyata Rupane amal becik Nggonmu pada gelem taat Rupane amal ala Nggonmu padha laku maksiat
-
Geguritan Bab Golek Pangan
Golek Pangan Padha siro lumaku-ha Kanggo sebab golek pangan Supayane urip iro Ana donya bisa aman Aja pisan siro iku Ngarep-arep pawewehan Supayane urip iro Sisa kajen kinasihan Dha niyato siro iku Nggone padha golek pangan Supayane siro iku Nggone golek oleh ganjaran Sakwuse padha oleh Nuli enggal dha dipangan Sakwuse padha mangan Nuli eling ing Pangeran Nek wis rampung nggone mangan Nuli siro enggal tandang Nggone matur sembah nuwun Sewu-ewu ing Pangeran Dhuhur Ashar Maghrib Isya Subuh iku jo kerinan
-
Geguritan Jawa Olone Numpuk Ndonya
Olone Numpuk Ndonya Lamun siro numpuk ndonya Niyat kanggo numpuk-numpuk Besuk tangi saka kubur Duwe rai kaya kuwuk Aja pisan nggonmu mangan Kanggo nerjang ing larangan Nek mengkono urip iro Duwe laku kaya kewan