-
Geguritan Jawa Tambane Lara Awak
Tambane Lara Awak Nambanono siro ku Ing larane awak iro Tambanono awak iro Nganggo tamba sabar nerimo Lamun siro ora sabar Arikala lara niro Sisa uga lara niro Anuwuhi dosa niro Ngelingana siro iku Ing akehe waras iro Kok geneyo siro iku Ora ngrasa waras iro Bareng siro diparingi Ing larane awak iro Banjur siro enggal sambat Rino wengi ngaru-ara Apa siro ora isin Maring Kang Maha Mulyo Nggonmu bola-bali sambat Maring sakpada-pada Balik siro anuwuna Sak jerone lara niro Anyuwuna pangapura Ing se-akehe dosa niro
-
Geguritan Jawa Tambane Susahe Awak
Tambane Susahe Awak Tambanon siro iku Ing susahe awak iro Tambane susah iku Angelingi bungah iro Nambanono siro iku Ing dosane awak iro Tambane dosa iku Kudu nyuwun pangapura Mula siro nenuwuna Maring dzat Kang Maha Mulya Aja pisan nggonmu nyuwun Liyane telung perkoro Anuwuna kang sepisan Mugi-mugi diaku kawulo Kaping pindo mugi-mugi Dingapuro nggone dosa Kaping telu mugi-mugi Gusti Allah ngasihano Lamun hasil telung perkoro Urip mati biso mulyo
-
Geguritan Jawa Ngelingi Awak
Ngelingi Awak Ngelingana siro iku Ing enome awak iro Nek wis lunga enom iku Banjur teko tuwa iro Ngelingana siro iku Ing kuwate awak iro Nek wis lunga kuwat iro Banjur teka apes iro Ngelingana siro iku Ing waras awak a iro Nek ws lunga waras iku Banjur teko lara iro Ngelingana siro iku Ing sugihe awak iro Nek wis sugih awak iro Banjr teko mlarat iro Ngelingana siro iku Arikaa urip iro Nek wis lunga urip iro Banjur teka mati iro
-
Geguritan Jawa Apike Titah Lan Alane
Apike Titah Lan Alane Apike para titah Wog kang duwe laku ngalah Sarto gelem mikir-mikir Saben dino nggone salah Sakwise ngrasa salah Mangka nuli enggal tobat Supayane Gusti Allah Enggal nrimo nggone tobat Sakwuse rampung tobat Mangka nuli eling pati Banjur golek sesangune Sangu kanggo gawe mati Ala-ne titah iku Wong kang manut marang hawa Saben dino ngarep-arep Ing olehe pangapura Siro kena ngarep-arep Ing anane pangapura Lamun siro wus temenan Ngibadahe awak iro Kulo matur estu-estu Dateng para derek kula Mugi-mugi dipun galih Wontenipun atur kula
-
Makna Petuah Jawa Eling lan Waspada, Sadar lan Sabar, Setiti lan Ngabekti, Sumeleh tur Sareh
Eling lan Waspada, Sadar lan Sabar, Setiti lan Ngabekti, Sumeleh tur Sareh Makna Petuah Jawa “Eling lan Waspada, Sadar lan Sabar, Setiti lan Ngabekti, Sumeleh tur Sareh” adalah ingat dan waspada, sadar dan sabar, hemat dan mengabdi, ikhlas dan tenang