-
Geguritan Jawa Pitutur Dateng Sederek
Pitutur Dateng Sederek Dherek jaler, dherek isteri Sampun ngantos sami mungkur Dateng napa wontenipun Ingkang sampun kula matur Wonteniun anggen kulo Angaturi ing pitutur Wonten Qur’an wonten Hadist Wonten kitab kang misuwur Kulo matur sewu nuwun Dateng para derek kulo Ingkang sami merlehaken Mirengaken atur kula Hai para derek kula Mugi-mugi hanampiyo Atur kula kanti seneng Sampun ngantos paring duka
-
Geguritan Bab Sambate Wong Ana Krendo
Sambate Wong Ana Krendo Ojo pisan kwe iku Duwe laku kaya aku Nggonku golek bondo iku Ngasi payah nggonku mlaku Sak wuse tekan ngomah Banjur njagong krasa payah Sakwuse aku payah Ing ibadah banjur wegah Anakku sak putuku Tak kon nyonto maring aku Supayane anak putu Ojo nganti kaya aku Nggone pada budi ndonya Ojo nganti ngoyo-oyo Anane bondo ndonya Aku mati ora nggowo Ing saiki aku iki Nggonku banget anggetuni Kok geneya urip iro Ora nemen nggonmu bekti Tegese bekti iku Nggonmu pada gelem taat Ing saiki aku iki Wis kineban lawang tobat
-
Geguritan Bab Kewan Krungu Sambat
Kewan Krungu Sambat Kabeh kewan pada ngrungu Sambate wong ana krendo Kewan-kewan pada cirek Sak liyane jin manungsa Sambate mbok iya-ha Siro eling maring kita Kaya ngene pungkasane Wong kang urip ana ndonya Ora ana sing dak gawa Sak liyane ules mami Kabeh banda sun dak tinggal Gawe royal waris mami
-
Geguritan Jawa Tambane Lara Niro
Tambane Lara Niro Pada siro nambanono Ing larane at niro Larane ati aku Sebab nggone demen donya Lamun ora ditambani Lawas-lawas dadi mati Nek wis mati ora gelem Jak ngibadah maring Gusti Tambane ati lara Iku lima perkarane Ingkang dihin saka limo Maca Qur’an karo diroso Kaping pindo kudu melek Dzikir wengi ingkang suwe Kaping telu kudu sholat Tahajud ingkang suwe Kaping pat saka lima Angothongi weteng iro Kaping limo kudu siro Angumpuli para ulama Lamun siro wis nglakoni Perkoro ingkang lelima Gusti Allah paring waras Ing larane ati niro Mesti siro anglakoni Salah sij saka limo Mbok menawa Gusti Allah Paring sudho lara niro
-
Geguritan Jawa Tambane Lara Awak
Tambane Lara Awak Nambanono siro ku Ing larane awak iro Tambanono awak iro Nganggo tamba sabar nerimo Lamun siro ora sabar Arikala lara niro Sisa uga lara niro Anuwuhi dosa niro Ngelingana siro iku Ing akehe waras iro Kok geneyo siro iku Ora ngrasa waras iro Bareng siro diparingi Ing larane awak iro Banjur siro enggal sambat Rino wengi ngaru-ara Apa siro ora isin Maring Kang Maha Mulyo Nggonmu bola-bali sambat Maring sakpada-pada Balik siro anuwuna Sak jerone lara niro Anyuwuna pangapura Ing se-akehe dosa niro
-
Geguritan Jawa Ngelingi Awak
Ngelingi Awak Ngelingana siro iku Ing enome awak iro Nek wis lunga enom iku Banjur teko tuwa iro Ngelingana siro iku Ing kuwate awak iro Nek wis lunga kuwat iro Banjur teka apes iro Ngelingana siro iku Ing waras awak a iro Nek ws lunga waras iku Banjur teko lara iro Ngelingana siro iku Ing sugihe awak iro Nek wis sugih awak iro Banjr teko mlarat iro Ngelingana siro iku Arikaa urip iro Nek wis lunga urip iro Banjur teka mati iro
-
Geguritan Jawa Pangan Kanggo Ibadah
Pangan Kanggo Ibadah Lamun siro golek pangan Kanggo sangu ing ibadah Besuk tangi saka kubur Rai padang ing lorah-lorah Padange rai iro Kaya tanggal ing pat-belas Sebabe Gusti Allah Maring siro paring welas Mula siro golek pangan Iku kudu ngati-ati Supayane Gusti Allah Paring welas kang sayekti Sampun rampung anggen kula Asung engat ing sampeyan Mugi dipun galih Supados-a waget dangan
-
Geguritan Jawa Dawuhe Kanjeng Nabi
Dawuhe Kanjeng Nabi Dawuhe Kanjeng Nabi Aja siro kerahinan Lamun siro kerahinan Kupingmu diyuh oyotan Apa sira ora wrang Di-uyuh marang syetan Saben esuk siro iku Pijer ngumbah uyuh syetan
















